Sunare srengenge wis cemplorot, banyune kali mili gempricik. Katon sawijining keluarga kang sibuk dhewe-dhewe. Kepala kulawargane sibuk makani kewan ternak, pada kempruyuk nyedaki pakan sing disebar ning nduwur lemah. Ora kalah sibuk, wong wadon kang dikenal bojone iku lagi nimba banyu seka njero sumur kanggo masak.
“Pak, nembe napa to sampean teng mriku?” Ibu bengok karo nggawa banyu menyang omah.
“Iki lho, lagi makan pitik, mesakne pada ngeleh” wangsule bapak.
“Walah, lawong sing menehi pangan durung sarapan kok”
“Iki si Bhumi nyandi to pak? kok ra ketok pucuk irunge awet mau”
“Loh iya, mau koyone bapak wes weruh bocah e bar subuhan”
Ing sisi liya, Wong sing digoleki isih turu tanpa enek le nganggu. Jebule, dheweke turu meneh sawise sholat subuh, pantes ora ketok awet mau. Iki preian, kesempatan kanggo tangi awan pikire Bhumi. Nanging ora let suwe ana swara kang nggugah Bhumi,
“Bhumi, tangi. Libur ora karepe koe dadi kesed. Cepet tangi, mrene ewangi bapakmu”
“Nggih, buk” Bhumi banjur tangi lan nggoleki bapake sing pranyata ana ning mburi omah lagi mbubut suket.
“Pak” celuke Bhumi menyang bapake.
“Eh, mrene Bhum. Enak to di sengeni ibu mu”
“Ah, bapak” wangsule Bhumi kanthi raine kang ditekuk.
“Wes-wes, rasah ditekuk ngunu raine. Ayo ngresiki gudang” Bapak mlebu lan ditutake Bhumi saka mburi.
Gudang sing dituju reged banget, amarga jarang diresiki. Malahan jarang dibukak. Gudang kasebut isine barang bekas lan barang lawas sing wis ora digunakake. Cukup sautara Bhumi lan Bapak resik-resik gudang nganti akhire ditata rapi lan ora bledug.
Saka wiwitaning mlebu gudang, ana sing nyolong perhatiane Bhumi. Ing pojok ruangan ana kardus kang isine figura gambar, buku sejarah lan sandhangan lengkap karo pangkat negara. Rasa penasarane ora bisa dibendung, akhire Bhumi takon marang bapake.
“Pak, kardus niki isine barange sapa?”
“Ohh, almarhum mbah kakungmu”
“Buku sejarah lan seragam prajurite pak?”
Pranyata mbah kakunge kang dikenal kanthi jeneng Rekarmadji iku prajurit TNI ing jaman semana. Simbah kuwi sejatine pemuda Kalimantan sing ngabdi ing tlatah Jawa. Biyen desa iki kebak kadurjanan, penindasan ana ing ngendi-endi nganti pungkasane simbah teka karo kanca-kanca kanggo menehi kesejahteraan ing desa iki.
“Simbah pancen tiyang becik nggih Pak”
“Ya yen kowe meruhi warga desa iki, akeh sing kenal lan ngerti jasane simbahmu” Bapak mungkasi critane sinambi mesem.
“Ayo mangan” Swarane ibu nyeluki supaya cepet teka.
“Wis, ayo Bhum. Gawa ya karduse mau, supaya disimpeni ibu mu”
“Nggih pak”
Padha enggal-enggal menyang meja makan lan mangan masakane ibu. Ing tengah kegiatan, Bhumi ngomong
“Jasane simbah katah nggih bu, Nalika gedhe kula kepengen kados simbah” Krungu ngono, bapak lan ibu mung setuju lan manthuk-manthuk.
Penulis :
Walimatus Eka Prastiwi
(Kelas 9F 2023/2024)